Kamis, 23 Januari 2014

KEBLAT JATIDIRINE JIWA JAWA


KEBLAT JATIDIRINE JIWA JAWA
Kapetik Saka JAGAD JAWA Solopos, Kamis 06 Mei 2010 Hal: A | | Dilihat: 7757 Kali

Dening : Kustawa Esye, S.pd



MITURUT piwulang filosofi lan spiritual kejawen, kajaba minangka papan panggulawentah kabagian kulawarga lan karukunaning bebrayan agung, griya uga minangka papan ngrembakakake lan mbangun religiusitas.
Masyarakat Jawa, mligine Jawa Tengah, tumeka saiki sajroning mbangun omah tetep isih akeh kang adhedhasar wangun geometri lan simetri. Kajaba minangka bukti rasa tresnasihe mring jagad saisine, keyakinan kang tetep digondheli lan dilestarekake mau satemene minangka wujud nyata cak-cakane piwulang filosofi tuwin religiusitas manunggaling kawula Gusti.
Pamawas utawa orientasi kanggo mbangun balegriya mau, dimaknani uga minangka kiblate kapribaden lan jatidiri. Kaajab, muga dadia uga minangka  srana murih jumbuh lan kagayuh sedya utamane, tetep laras leres sesambungane mring alam saiisine lan murih tatag-teteg pangabdiane mring Gusti Kang Murbeng Dumadi.
Wewangunan omah tradisional Joglo, contone. Jenggorong utawa wujud fisik-e minangka wewangunan utama omah tradisional Jawa, kasangga kukuhing cagak papat sinebut saka guru, kanggo nyangga tumpukan kayu blandar utawa tumpangsari, lan rolas cagak liyane minangka soko pangarak.
Pranata utama jroning omah Joglo kapilah dadi patang perangan. Ngarep dhewe sinebut pendhapa (papan kanggo nampa lan nyugata dhayoh), pringgitan (tapelwates antarane pendhapa karo omah njero, uga minangka papan pagelaran wayang kulit), omah njero (papan ngumpule kulawarga), ana maneh telung senthong (kamar) sinebut senthong tengah, senthong kiwa lan senthong tengen.

Jatidhiri
Sajroning omah ngarep kang tinarbuka, sinebut uga pendhapa, tinemu ompak watu cacah 16 mapan satengah-tengahing jogan, mubeng sapinggiring wewangunan. Patang ompak kanggo nyangga cagak papat ing tengahing wewangunan, kang sinebut saka guru sejatine minangka pralambang kekuwatan spiritual positip saka keblat papat, tembung popular-e empat penjuru mata angin. Rolas ompak liyane, kang nyangga cagak rolas, sinebut soko pangarak.
Tumpangsari utawa trap-trapan kayu blandar tinumpuk kang mapan sanduwure pendhapa, mujudake trap-trapaning manungsa tumuju pucuking titik spiritual religius. Kawiwitan saka serengat, tarekat, hakekat, nganti tumekaning makrifat. Manut kapercayan lan kayakinaning filisofi kejawen, patang tingkatan mau underane bakal nyawiji ing satunggaling titik temu.
Perangan wewangunan omah Joglo samburine pendhapa, pringgitan kang mapan ing satengah-tengahing pendhapa lan omah njero kang sinebut pringgitan, kajaba ana gegayutane karo filosofi urip lan panguripane wong Jawa, satemene uga ana gandhengcenenge karo seni budaya adiluhunging wong Jawa, wayang kulit utawa ringgit wacucal.
Nut sorosilahing tembung ing Bahasa Jawa, ‘pringgitan’ iku saka tembung ‘ringgit’ merga antuk sufik pa – an dadi tembung ‘paringgitan’,  sawise ngalami owah-owahan dadine ‘pringgitan’. Tembung ‘ringgit’ iku bahasa kramane ‘wayang’, nuwuhake tembung ‘wayangan’ [nanggap wayang] banjur dikramainggilake dadi ‘ringgitan’.
Ananing pringgitan sajroning omah Joglo, bukti nyata kukuhkokohing kekuatan adat tradisine Jawa, murih tetep lestari lan ngrumbakane seni tradisional utamane wayang kulit. Kajaba kaanggep minangka seni budaya kang banget adiluhung, ringgit cucal uga diyakini minangka tontonan lan tuntunan kautamaning urip ing alam bebrayan,  murih sampunaning urip kita ing alam kalanggengan.
nDalem njero kang minangka sumbering panggonan ing omah Joglo, mupangat utamane kanggo kumpuling kulawarga. Kajaba minangka papan kang sinengker, suasanane uga tentrem tintrim lan kebak kawibawan. Manungsa, omah lan sakehing  gagasan kang mengku balegriya satemene mujudake triatunggal kang ora bisa kapantha-pantah antarane siji lan sijine.
Katelu-telune atunggal iku mau, salawase kudu tetep lan tansah golong-gilig,  sinambung rapet, katali kenceng lan kukuh karengkuh. Ora mokal, kajaba sinebut pakulitaning manungsa kang nomer loro, omah uga sinebut jatidhirining manungsa kang mengku balewisma. [*/]
Kustawa Esye, S.Pd, Pangarsa Komunits Kiai Damar Sesuluh [Spirit Religius, Culture & Educatian]

Tidak ada komentar:

Posting Komentar