PAGER MANGKOK
LUWIH KOKOH KATIMBANG PAGER TEMBOK
Kapetik Saka JAGAD JAWA
Solopos, Kamis, 28 Januari 2010
Dening : Kustawa Esye, S.Pd
PAGER mangkok luwih bakoh
tinimbang pager tembok wus dadi filosofi lan gegayuhan luhuring wong Jawa murih
tata tentreme urip sajroning alam bebrayan. Bab iku minangka paugeraning urip lan pepali pasrawungan kita
marang tangga teparo sakiwa tengene, munggahing marang sakehing warga
masyarakat, lan lumeber maneh tumeka pasrawungan saindenging nusantara.
Filosofi lan gegayuhan luhuring wong Jawa iku, miturut piyambake,
kapetik saka piwulang luhur ngenani jatidhiri lan kapribadene wong Jawa. Jroning Serat Pepali Ki Ageng
Selo sinebutake, pepali lan paugeraning pasrawungan ing alam bebrayan, kudu
linambaran kautaman lan kaluhuraning urip. Murih kasembadan gegayuhan kautaman
lan kaluhuraning urip sajroning alam bebrayan, ana pepali enem kang dadi
paugeran pasrawungan ing alam bebrayan.
Kang kapisan, sembada utawa bisa netepi tanggung jawab sakabehe tindak tanduke.
Kaping pindho, sabar, andhap asor, lan narima. Manungsa kang kasil nggayuh
kesabaran urip, paribasan bisa ngrangket setan. Tegese, kasil ngalahake
pacobaning urip kang abot lan angel banget.
Manungsa kang andhap asor iku bebasan wani ngalah duwur wekasane,
ngalah ora ateges kalah. Dene narima, ditegesi uga narima ing pandum, narima
takdire Gusti Kang Murbeng Dumadi, sugih
lan mlarat iku amung pacobaning Gusti.
Pepali kaping telu, seneng utawa bahagia. Rila legawa lelaku prihatin lan
ngesuh budi, murih kasampurnaning urip lan panguripane ing alam bebrayan. Ora
tau sambat babagan urip, kahanan donya, apa maneh nyalahake takdir Ilahi.
Kaping papat, karep utawa nepsu, karsa, lan kepenginan. Prakara iki, lumrahe
wong kudu bisa ngendalekake lan nglarasake hardening kanepson ing atine.
Kodrating urip manungsa, nepsu mutmainah kang
positip utawa becik, tansah ngadhepi
lan memungsuhan karo nepsu amarah,
luwamah, lan supiah.
Urip ora kena drengki, srei, dahwen, lan panasten. Urip kang
mbangun miturut filosofi lan budaya kejawen bakal nemahi kabecikan lan
kaarifan, panjelmaning sipat-sipat Ilahiah kanggo nggayuh manunggaling kawula
lan Gusti.
Kaping lima, dalan padhang. Urip ing alam donya diibaratake mung
mampir ngombe, samesthine padha nyingkirake sakabehing pepalang kang nyebabake
kacilakaning liyan. Saliyane kuwi seneng tetulung lan sedhekah marang liyan.
Ibarate paring teken wong kalunyon, paring payung wong kudanan, paring boga
wong kaluwen, lan paring wrasta wong kawudan.
Kaping enem utawa pungkasan, ngutuh, kemed utawa ora duwe isin,
cethil, eman ngetokake bandhane utawa tenagane kanggo wong liya. Sipat sing
kaya mangkene iki kudu diadohi sajroning bebrayan agung. Wong
kang asipat nguthuh kabiasan uripe sakarepe udele dhewe, tan gelem melu mikir
apa maneh ngentheng-enthengi bot repote tangga teparo tuwin kadang mitrane.
Apa maneh wong cethil, gelem nampani pawehe
liyan ning ora gelem ganti menehi utawa mbales kabecikan marang wong kang wis
motangake budi kabecikan. Ora mokal, wong ngutuh lan kemed mau kajaba ora
disenengi uga tansah didohi tangga teparo lan kadang mitrane. [*/]