Sabtu, 25 Januari 2014

PAGER MANGKOK



PAGER MANGKOK 
LUWIH KOKOH KATIMBANG PAGER TEMBOK
Kapetik Saka JAGAD JAWA Solopos,  Kamis, 28 Januari 2010

Dening : Kustawa Esye, S.Pd

PAGER mangkok luwih bakoh tinimbang pager tembok wus dadi filosofi lan gegayuhan luhuring wong Jawa murih tata tentreme urip sajroning alam bebrayan. Bab iku minangka paugeraning urip lan pepali pasrawungan kita marang tangga teparo sakiwa tengene, munggahing marang sakehing warga masyarakat, lan lumeber maneh tumeka pasrawungan saindenging nusantara. 
Filosofi lan gegayuhan luhuring wong Jawa iku, miturut piyambake, kapetik saka piwulang luhur ngenani jatidhiri lan kapribadene wong Jawa. Jroning Serat Pepali Ki Ageng Selo sinebutake, pepali lan paugeraning pasrawungan ing alam bebrayan, kudu linambaran kautaman lan kaluhuraning urip. Murih kasembadan gegayuhan kautaman lan kaluhuraning urip sajroning alam bebrayan, ana pepali enem kang dadi paugeran pasrawungan ing alam bebrayan.
Kang kapisan, sembada utawa bisa netepi tanggung jawab sakabehe tindak tanduke. Kaping pindho, sabar, andhap asor, lan narima. Manungsa kang kasil nggayuh kesabaran urip, paribasan bisa ngrangket setan. Tegese, kasil ngalahake pacobaning urip kang abot lan angel banget.
Manungsa kang andhap asor iku bebasan wani ngalah duwur wekasane, ngalah ora ateges kalah. Dene narima, ditegesi uga narima ing pandum, narima takdire Gusti Kang Murbeng Dumadi, sugih lan mlarat iku amung pacobaning Gusti.
Pepali kaping telu, seneng utawa bahagia. Rila legawa lelaku prihatin lan ngesuh budi, murih kasampurnaning urip lan panguripane ing alam bebrayan. Ora tau sambat babagan urip, kahanan donya, apa maneh nyalahake takdir Ilahi. Kaping papat, karep utawa nepsu, karsa, lan kepenginan. Prakara iki, lumrahe wong kudu bisa ngendalekake lan nglarasake hardening kanepson ing atine. Kodrating urip manungsa, nepsu mutmainah kang positip utawa becik, tansah ngadhepi lan memungsuhan karo nepsu amarah, luwamah, lan supiah.
Urip ora kena drengki, srei, dahwen, lan panasten. Urip kang mbangun miturut filosofi lan budaya kejawen bakal nemahi kabecikan lan kaarifan, panjelmaning sipat-sipat Ilahiah kanggo nggayuh manunggaling kawula lan Gusti.
Kaping lima, dalan padhang. Urip ing alam donya diibaratake mung mampir ngombe, samesthine padha nyingkirake sakabehing pepalang kang nyebabake kacilakaning liyan. Saliyane kuwi seneng tetulung lan sedhekah marang liyan. Ibarate paring teken wong kalunyon, paring payung wong kudanan, paring boga wong kaluwen, lan paring wrasta wong kawudan.
Kaping enem utawa pungkasan, ngutuh, kemed utawa ora duwe isin, cethil, eman ngetokake bandhane utawa tenagane kanggo wong liya. Sipat sing kaya mangkene iki kudu diadohi sajroning bebrayan agung. Wong kang asipat nguthuh kabiasan uripe sakarepe udele dhewe, tan gelem melu mikir apa maneh ngentheng-enthengi bot repote tangga teparo tuwin kadang mitrane.
Apa maneh wong cethil, gelem nampani pawehe liyan ning ora gelem ganti menehi utawa mbales kabecikan marang wong kang wis motangake budi kabecikan. Ora mokal, wong ngutuh lan kemed mau kajaba ora disenengi uga tansah didohi tangga teparo lan kadang mitrane. [*/]

Kustawa Esye, S.Pd : Pangarsa Komunitas KIAI DAMAR SESULUH [Spirit Religius, Culture & Education]

1 komentar: