Kamis, 30 Oktober 2014

Oncating Jatidhiri Among Tani

Jagad Jawa Solopos, Kamis 22 23 September 2011  | |

Oncating Jatidhiri Among Tani

Kustawa Esye
Pangarsa Komunitas Kiai Damar Sesuluh (Spirit Religious, Cultural & Education)


     JATIDHIRI jiwa jawaning wong Jawa, tan wani mblenjani lan mbalela mring paugeran pranatan kawicaksanane alam saisine. Nut cathetan sujarah adeging Nusantara, kanggo nggayuh kamulayaning urip, uga srana saya gemah ripah loh jinawine bumi agraris iki, kajaba tansah ngupaya laras-leres imbanging alam, leluhur kita uga rumangsa wajib rumeksa tetep lestarine bumi pertiwi. 
     Kanggo nggulawentah tegal sawah lan olah tetanen sakehing tetuwuhan, conto cetane. Para leluhuring bangsa Indonesia, ngripta lan maresake petung pranata mangsa mring generasi panerus perjuwangan uripe. Petungan mangsa asli karya ciptaning wong Jawa iku, sarasilahe luwih tuwa tinimbang perhitungan musim kelairan uga darbeke bangsa lan negara liya. 
       Murih bisa dadi gondhelane para among tani jroning ngolah tegal sawah lan nggulawentah tetuwuhan kang tinandur, pangriptaning pranata mangsa iki diselarasake lan dijumbuhake mring laku jlantrane bapa angkasa, cakramanggilingane ibu bumi. Trekah pokalgawene sato kewan, lan ilmu palintangan. 
     Perangane pranata mangsa kang uga adhedhasar petung pananggalan taun Jawa iki, kapilah-pilahake dadi patang mangsa. Mangsa rendeng titiwancine udan nggrejeh saben dina, mangsa mareng titiwanci pancaroba enteking mangsa rendeng. Mangsa katiga wis tiba titiwancine terang tan ana udan. Kapapat sinebut mangsa labuh, mangsa pancaroba ndungkap tumekane mangsa rendeng.  
    Amarga petung pranata mangsa iki nganut paugeran pranatan kawicaksanan lan abot-entenge alam saisine, kajaba njalari panggulawentah pangolahe tegal sawah luwih ngirit tenaga lan prabeya, asil panenane uga luwih jentes mentes amarga tan kaserang ama tanduran. 

      Jatidhirine Among Tani
     Miwiti nandur pari, contone. Murih tanduran lan asiling olah tetanen kalis  maneka rupa ama pari, kayata sato kewan tikus sawah lan sabangsane iber-iberan (wereng, walang sangit, klaper lan serangga liyane), ceblok tandure winih pari kawiwitan sawise lintang luku katon jumedhul ing angkasa. 
      Nut etungane pranata mangsa kang wis dititeni para among tani, diyakini lan bisa dipesthekake, tibaning titi wanci ngadhepi panen pari jumbuh tumiba mangsane ama pamangsa pari golek pangan. Wektune ula sawa metu saka rong pandhelikane, nguber-uber tikus sawah. 
    Titi wanci iku uga tiba kalamangsane manuk predator alami ama pari, oncat saka susuhe nguber sakeh iber-iberan lan uler ama pari kayata wereng, walang sangit lan liya-liyane. Tan aneh lan mokal, tandurane para among tani biyen kalis saka sakehing ama, tundhane wulu pawetune mentes tetas malimpah ruah.
     Emane, sakeh kearifan lokal kang kandhut jroning jatidhiri jiwa Jawaning wong Jawa, warisan adi luhunging leluhur kita mau tan dipepetri lan dilestarekake. Ora mung mbalenjani, rinasa saya akeh wong mbalela mring paugeran pranatan kawicaksanane alam. 
    Para among tani uga saya akeh kang koncatan jatidhirine. Amarga tan migunakake pranata mangsa jroning ngolah tegal sawah lan nggulawentah tandurane, katambah srakah lan kejeming mring alam saisine, nemahi saya wiyar tebane karusakan lingkungan lan saya njomplange kasaimbangan, kasalarasan alam saisine.
     Sakehing predator alami diburu dipateni, ana kang dipangan, ora sithik uga kang didadekake barang komoditi. Sato kewan lan iber-iberan ama tanduran saya ngrembyah kathah, njarah rayah sakeh tanduran ing tegal sawah. Klebu tanduran bahan pokok pangan, maneka jinis pari kang ora nyisa kaserbu ama wereng sak oyot-oyote.  
    Cara nanggulangi lan mbasmine sakehing ama tanduran uga tan bisa maneh srana sato kewan predator alami, para among tani pilih mbasmi nganggo manekawerna racun pestisida, kasemprotake sawiyare tegal sawahe.  [*/]

Tidak ada komentar:

Posting Komentar