Minggu, 02 November 2014

SPIRIT SPIRITUALE SURA

SPIRIT SPIRITUALE SURA

Dening : Kustawa Esye
Pangarsa Komunitas Kiai Damar Sesuluh
(Spirit Religius, Cultural & Education)

 WULAN Sura nut piwulang spirit spiritual jiwa jawineng wong Jawa, dimaknani wulan laku prihatin. Akeh uga kang nganggep wulan Sura titiwancine mawas dhiri, wektune kontemplasi nyuceni reregeting jiwa lan leletheking ati. Merga pamawas iku, sasuwene wulan Sura kaanggep ora trep lan pantes ngadani adicara mangku gawe kang asipat suka-parisuka lan andrawina.  
Laku spiritual sajroning pucuking warsa nut pananggalan tahun Jawa iki, saliyane ngrancang lan nata kapribadhen, kang ora kena dilalekake uga kudu ngendhalekake kapribaden. Kanthi lelandhesan kakuwatan lan kasadharan spiritual, diyakini sakehing bot repot bisa kasirnakake lan kaleksanan sakehing gegayuhan luhure.
Sura, nut tradhisi lan kapercayaning wong Jawa, diyakini uga minangka wulan angker lan sakral. Masyarakat kang ngudi lan nduweni talenta sensitivitas spiritual alam tan kasat mata (asring sinebut uga indra kaenem) wulan Sura dianggep luwih kenthel aura mitologi mitos mistise tinimbang 11 wulan liyane.
Sura kang ateges ‘dewa’ jroning bahasa Jawa Kawi lan dimaknani ‘wani’ ing kamus bahasa Jawa gagrag anyar, diprecaya uga minangka wulan paling trep kanggo ngesuh budi lan ngleremake jiwa raga, sinebut uga wektu kang jitu (siji banding pitu) kanggo nyadhong berkah karomah uga kanugrahane Gusti Kang Maha Welas lan Asih.
Tumapaking wulan Sura, titiwancine ngayahi kuwajiban luhur laku spiritual. Reresik raga katindakake jroning tradhisi ritual njamasi maneka warna barang aji kang kaanggep pusaka, reresik papan pangibadahan, mbesiki makam leluhure lan liya-liyane. Dene nyuceni jiwa dilakoni kanthi laku prihatin puasa, tirakatan, mawas dhiri, kontemplasi lan ngesuh budi.
Makna filosofi wulan Sura jroning budaya lan mitologi mitos mistis kejawen iku kang ngilhami Sultan Agung Hanyakra Kusuma. Tanggal 08 Juli 1633 Masehi, panjenengane kasil nyawijekake pananggalan tahun Jawa kaliyan pananggalan Islam, tahun Hijriyah.
Akulturasi petung tahun Jawa kang sadurunge adhedhasar pananggalan syamsiah (laku jantrane srengenge), diganti petung penanggalan komariah (adhedhasar laku jantrane rembulan). Merga pananggalan karya ciptane Raja Mataram Dinasti Islam Kapisan iku uga, laku jantra tumapake tanggal 1 Sura (nut petung pananggalan tahun Jawa), tansah tumbuk neptu dina pasaran karo tumapaking tanggal 1 Muharam (miturut petung pananggalan tahun Hijriyah).
Sinebut akulturasi kang kebak kawicaksanan, merga adhedhasar kayakinan agama (Islam) lan saripatining kabudayan Jawa. Tan aneh, karyane Sultan Agung Hanyakra Kusuma kang banget adiluhung iki, kajaba dadi pralambang manunggaling bebrayan agung, uga minangka bukti nyata golong-gilige karukunan utawa toleransi antarumat kang ngrasuk agama ing Tanah Jawa.
Kabudayan Jawa lan agama Islam, wiwit jaman bahulak pancen dudu entitas kang mancing debat kusir, apa maneh njalari crah-congkrahing sakehing warga masyarakat. Pamawas Islam kejawen kang luwih ngutamakake isi katimbang kulite, pancen luwih pas mring citarasa ciri khas-e budaya lan filosofi uripe lan panguripane wong Jawa jroning bebrayan agung.
   Sakeh piwulang utama lan gegayuhan luhuring Sultan Agung Hanyakra Kusuma mau, tan liya minangka tataran laku spiritual-ing manungsa kanggo nggayuh kasampurnaning urip, manunggaling kawula Gusti. Kang sarat saranane tan kena ora kudu ngliwati tataran insan kamil. Yaiku manungsa kang kandel iman ketakwaane mring Gusti Allah, sabar, jujur, lembah manah tan pegat pasedulurane, suka tetulung liyan brayan lan sapanunggalane. [*] 
Kapethik saka JAGAD JAWA SOLOPOS Edisi : Kamis, 09 Desember 2010 , Hal.VII

Tidak ada komentar:

Posting Komentar